Parasara

Begawan Palasara
Bagawan Palasara ing versi pawayangan Jawa
Bagawan Palasara ing versi pawayangan Jawa
Déwanagari: परशर
Éjaan Sanskerta: Paraśara
Sisihan: Dewi Durgandini

Parasara utawa Palasara iku salah siji paraga wayang putra Bambang Sakri karo Dèwi Sati ing Saptaarga. Ing carita pedhalangan, Parasara uga sinebut Palasara. Parasara artiné sanjata kang ampuh. Tingkah lakuké alus lan bebudèné becik. Saliyané gentur ing tapa brata, Parasara uga prigel ngolah jamu.

Kapinterané gawé obat iki sing ndadèkaké Parasara ketemu karo Dewi Durgandini sing nandang lara. Ing siji prau, Parasara lan Durgandini saling asih. Ing tengah kali, kapal pecah. Wong sakloron banjur krama lan manggon ing astana Gajahhoya. Kaloroné peputra Wiyasa.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search